Kamis, 29 September 2011

SIIR TAUSIYAH GUS DUR


      SIIR TAUSHIYAH GUS DUR

       اَسْتَغْفِرُاللهِ رَب اْلبَرَايَا         اَسْتَغْفِرُاللهِ مِنَ اْلخَطَايَا
رَبِى زِدْنِى عِلْمًا نَا فِعًا        وَوَفِقْنِى عَمَلاً صَا لِحًا
يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْكَ      يَا رَفِيْعَ الشَانِ وَالدَرَجِ
عَطْفَهٌ يَا جِبْرَةَ اْلعَلَمِ           يَا اَهَمْلَ الجُوْدِ وَاْلكَرَمِ


Ngawiti ingsun nglarah siiran
Kelawan muji maring Pangeran
Kang paring rahmat lan keni’matan
Rina wengine tanpa petungan .. 2x

Duh bolo konco priyo wanito
Ojo  mung ngaji syariat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro ...2x

Akeh kang apal Qur’an  Hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale ..2x

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare donya
Iri  lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho..2x

Ayo sedulur jo nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman taukhide
Baguse sangu mulyo matine..2x

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan segi ilmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo haqiqot manjing rasane..2x
Al  Qur’an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco
Iku wejangan guru waskitho
Den tancepake ing jero dodo..2x

Kumantil ati lan fikiran
Mrasuk ing badan kabeh jerohan
Tumindak rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman..2x

Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali..2x

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking Pangeran..2x

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun podo ngasiyo
Iku sunahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito..2x

Ayo nglakoni sakabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate..2x


Lamun palastro ing pungkasane
                                      Ora kesasar roh lan sukmane
                                      Den gadang Alloh surgo manggone
                                      Utuh mayite ugo ulese..2x

يَا رَسُوْلَ اللهُ سَلَا مُ عَلَيْكَ
اَلْفَاتِحَهْ   ×1
هَدَا نَا اللهُ وَاِيَا كُمْ وَاْلعَفْوَ مِنْكُمْ
وَالسَلاَ مُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَا تُهُ